Kamis, 08 Maret 2012

geguritan bahasa jawa


LAKON
Anggitipun : Suharmono K


Sumelete srengenge meres kringet
Nalika tangan lan sikil terus nggremet
Ing perenge gunung pangarep
Dhengkul lan epek-epek gubras getih abang
Kamangka awak nggawil ana lambe jurang
Kemulan kukus gunung panjangka
Binarung perihe tata nalika milang angka-angka

“Kapan kowe teka ing pucuk gunung kana?
Jare kowe mirid pujangga
Kang  sumare ing gunung wurung
Kang wus medhar sastra adi luhung
Ing antarane angin sumilir
Yagene?”

Manuk-manuk sriti
Miber nyamber-nyamber
Laron-laron
Amung bisa pasrah
Sumarah ing regemaning wayang beber


SRENGENGE APA SENTHIR
Anggitanipun : Rio Mataram

Jare awake dhewe iki isih sedulur
Tunggal pancer bapa Adam
Nanging kenapa ana urip kang siya tanpa guna
Urip kang cintraka
Kaya kowe kang urip ing emper kali
Kaya kowe kang nandang sengsara

Jare awake dhewe iki isih sedulur
Tunggal pancer bapa Adam
Nanging kenapa ana wong sugih
Lali sanak lali kadang
Ora peduli ora maelu marang kang papa
Cintrake urip kesurang-surang
Kasangsayan
Kamangka sedulur tunggal jalu

Kenapa ana wong sugih mlegedhu
Kolu mangan daging nguntal keju
Ing ngarepe kere luwe

Apa bener kowe sedulurku
Apa bener aku sedulurmu
Tak-kira kuwi mung ana ing lambe!


KIDUNGE BIYUNG
Anggitanipun : Ruminah Baribin



Ngger, mumpung rembulane gedhe
Jembar kalangane
Jumangkahe
Dikebat gumregah ngoyak panjangka
Andhepeni karsa
Ora mung netramu kang ngetut lakumu
Nanging getih ing jantungmu
Tumetes sok-sokan kaya banjiring
Kringetmu yang lagi jethungan

Ngger, yen kesandhung, sikilmu kesrimpung
Busik kulitmu, tatu atimu
Balia
Soken luhmu ing pangkonku
Tak cucupe getihing tatumu
Nganti tuntas

Ngger, kanthi esem lan guyumu
Tak undha sliramu
Methik lintang lan rembulan
Kanthi klilip lan luh ing netramu
Kena dak sapihe nganggo pucuking tapihku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar